Rum kuncaraning bangsa dumuning haning luhuring budaya (keharuman dan kebesaran suatu bangsa terletak di keluhuran budayanya) – Sri Susuhunan Paku Buwono (PB) X

“Budaya kuwi minangka sukmane bangsa kang handayani urip,” Lestari lan uripe budaya ing madyaning bebrayan agung bakal kekuwatan kang dadi keblate gesang. Mula, inggile budaya yakuwi luhure bebudhi. Luhure budaya mahanani kuncara ruming bangsa.

Apa kuwi budaya? Budaya yaiku woh pangolahing budi. Pangolah budi tegese makarti lair lan batin bebarengan minangka tuntunane urip. Sapa sing urip lelandhesan budaya bakal antuk pangaribawa lan wibawa kang becik.

Jawa, jiwa, jawi lan jiwi kuwi tuntunane urip kanggo ngedegake budi luhur, tindak tanduk, lan solah bawa kang sarwa becik. Kajaba kuwi uga ngandharake babagan subasita, yaiku tatakrama lan tata susila utawa kasusilan. Ing bebrayan agung, bab tatakrama lan kasusilan dadi wigati banget.Sapa wae kang ora ngerti tatakrama lan kasusilan sinebut wong sing ora njawani. Tegese wong kasebut kaanggep ora mangerti unggah ungguh, ora mangerti tuntunan budaya Jawa.

Tansah Rahayu,

KPAA Karyonagoro


0 Komentar

Tinggalkan Balasan

Avatar placeholder

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *